Beranda > Renungan Harian > Rahayu Tiyang Ingkang Gesang Wonten Ing Salebeting Kawicaksananipun Gusti Allah

Rahayu Tiyang Ingkang Gesang Wonten Ing Salebeting Kawicaksananipun Gusti Allah

Waosan I: Mikha 6 : 1-8; Tanggapan: Jabur 15 : 1-5;

Waosan II: I Korinta 1 : 18-31; Waosan III:Injil Mateus 5 : 1-12

Raos bingah punika minangka satunggaling kawontenan ingkang dipun ajeng-ajeng lan gadhahi dening sadaya manungsa. Sinaosa boten saben wekdal tiyang saged ngraosaken kabingahan. Wonten kalanipun tiyang ngraosaken sisah. Punapa ingkang nyebabaken manungsa saged ngraosaken bingah punapa dene sisah sacara umum sampun saged dipun sumerepi.
Ananging asring sebab-sebab tuwuhipun raos bingah utawi sisah takeran lan pamanggih ing saben tiyang beda-beda. Wonten ingkang nggadhahi pemanggih bilih tiyang ingkang gadhah arta kathah inggih punika tiyang ingkang bingah, nanging boten kados mekaten kanggenipun tiyang sanes, wonten tiyang ingkang nggadhahi pemanggih bilih kathah arta boten saged dados titikan tiyang saged ngraosaken kabingahan. Sanesipun nggadhahi pemanggih tiyang ingkang nggadhahi kalenggahan utawi kalenggahan inggil tiyang-tiyang punika ingkang saged dipun wastani tiyang kebak kabingahan nanging beda kaliyan sanesipun ingkang ningali bilih kabingahan malah badhe dipun raosaken tiyang-tiyang ingkang dados pegawai andhap lan gajinipun cekap kangge nyekapi kabetahaning brayat tanpa wonten raos ajrih lan sumelang badhe dipun lengser saking kalenggahanipun.

Sapunika kadospundi kita negesi kabingahan wonten ing salebeting iman Kristen? Mateus sampun  ngandharaken khotbahipun Gusti Yesus bab sinten ingkang rahayu. Nalika Gusti Yesus khotbah wekdal semanten tiyang Yahudi gesang kajajah dening bangsa Rum satemah katuwuhan raos sisah, sangsara lan kaaniaya. Sinten tiyang ing salebeting kawontenan ingkang kados mekaten boten kepengin bebas saged kauwalaken lan ngraosaken kabingahan. Kathah tiyang wekdal semanten ingkang ngajeng-ajeng saged ngraosaken kabingahan. Ing salebeting pangajeng-ajeng punika Gusti Yesus rawuh wonten ing donya damel pangajeng-ajengipun tiyang Yahudi wekdal semanten badhe saestu kadumugen. Punika katitik wonten ing khotbahipun Gusti Yesus bab tiyang ingkang rahayu. Wosing khotbahipun Gusti Yesus wonten kalih, inggih punika:
•    Sinten tiyang ingkang rahayu?
•    Punapa wujuding karahayon ingkang badhe dipun tampi?
Saking piwulangipun Gusti Yesus kita saged sumerep bilih karahayon utawi kabingahan badhe dipun gadhahi tiyang-tiyang ingkang prihatin, kaluwen, lembah manah, resik manahipun, ambek welasan, remen damel tentrem tuwin tiyang ingkang kaaniaya.
Khotbahipun Gusti Yesus bab tiyang ingkang rahayu beda sanget kaliyan pangertosan tiyang bingah utawi rahayu saking kacatingal kadonyan ingkang sampun dipun sebataken wonten ing ngajeng kalawau. Donya asring ningali bilih tiyang mlarat, keluwen lan prihatin punika boten saged bingah lan rahayu, ananging wonten ing ngarsanipun Gusti Yesus tiyang-tiyang punika ingkang badhe dados tiyang ingkang rahayu. Saestu khotbahipun Gusti Yesus punika nuwuhaken daya kekiyatan sacara mirunggan kangge tiyang Yahudi ingkang kajajah dening bangsa Romawi. Saged dipun ibarataken kadosdene ningali oase (mata air) wonten ing satengah-tengahing ara-ara samun.

Saking waosan Injil Mateus kita saged ningali bilih Gusti Yesus punika minangka Gusti Allah ingkang nguwalaken lan mbelani tiyang-tiyang ingkang ringkih lan katindhes. Gusti Yesus ugi dipun pitadosi dening Rasul Paulus dados satunggaling pribadi ingkang mbelani tiyang ingkang kaanggep bodho utawi kaasoraken dening tiyang ingkang rumaos pinter. Tiyang-tiyang ingkang kaanggep bodho punika badhe kaagem Gusti kangge mirangaken tiyang-tiyang ingkang rumaos sae lan ngganggep tiyang sanes asor.

“Nanging kang kaanggep bodho mungguhing jagad, kapilih dening Allah kanggo mirangake para wong wicaksana, apadene kang kanggep ringkih mungguhing jagad kapilih dening Allah kanggo mirangake kang rosa” (I Kor 2:27)
Prelu kita sumerepi bilih Korintus punika satunggaling kitha ageng ingkang nggadhahi prakawis ingkang ruwet. Ing Korintus wonten tiyang ingkang ngegung-gungaken kawicaksananipun piyambak (hikmat manusia). Saking kacatingal kawicaksananipun manungsa pawartos bab salib kanggep satunggaling bab ingkang bodho, nanging kanggenipun tiyang ingkang gesang wonten ing salebeting kawicaksananipun Gusti Allah, pawartos bab Kristus minangka sumbering kekiyatan lan kawilujengan. Ing sisih sanes ugi wonten tiyang ingkang nggadhahi kawicaksananipun Gusti Allah rumaos alit manah kangge martosaken pawartos bab Kristus. Mila Rasul Paulus lajeng ngengetaken lumantar seratipun kangge tiyang-tiyang punika. Kangge ingkang gumunggung supados boten ngegung-egungaken kawicaksananipun manungsa piyambak awit badhe wirang piyambak lan kangge ingkang alit ing manah sageda nggadhahi kawicaksananipun Gusti Allah murih tetep kiyat awit Gusti Yesus piyambak ingkang badhe mbelani lan ngagem.
Tiyang ingkang pinter asring dipun anggep minangka tiyang wicaksana, sinaosa boten salaminipun tiyang pinter punika wicaksana. Kathah ingkang ngganggep tiyang pinter badhe nguwaosi jagad lan tiyang bodho badhe ngawula dhateng tiyang pinter. Wonten ing iman Kristen beda, kados ingkang sampun Rasul Paulus aturaken ing seratipun, tiyang ingkang bodho badhe mirangaken tiyang wicaksana. Kenging punapa saged wirang, boten amargi kawicaksanipun nanging sikep gumunggung lan ngasoraken tiyang sanes langkung tiyang sanes ingkang kautus kangge martosaken Kristus. Sikep gumunggung punika ingkang boten kinersakaken dening Gusti Allah.
Saking andharan punika kita saged nyumerepi lan ngraosaken bilih Gusti Allah boten ngersakaken manungsa ngremehaken lan ngasoraken tiyang sanes. Menawi wonten ingkang dipun asoraken mesthi Gusti badhe mbelani temah tiyang ingkang karemehaken dening jagad punika badhe tetep saged rahayu. Anggenipun Gusti mbelani tiyang-tiyang ingkang ringkih lan karemehaken wujud katresnanipun Gusti ingkang ageng. Saestu katresnanipun Gusti ageng sanget kadosdene nalika  Israel dipun tresnani Gusti Allah, sinaosa sampun damel dosa nanging tetep nampeni katresnanipun Gusti.
Wonten ing jaman Mikha, Gusti Allah sampun ngetingalaken kaadilanipun dhateng Israel sinaosa Gusti paring paukuman dhateng Israel nanging Gusti ugi paring pitulungan. Sadaya punika dipun tindakaken Gusti Allah supados tiyang-tiyang Israel saged ngakeni kaadilanipun Gusti Allah. “….supaya sira ngakonana pandamel-pandameling Yehuwah kang adil” (Mikha 6:5)
Menawi Gusti Allah sampun nandukaken katresnan lan kaadilann dhateng umatipun, lajeng punapa ingkang kedah dipun tindakaken umatipun. Ingkang dipun tindakaken umatipun Gusti, nanggapi kaadilanipun Gusti jumbuh kaliyan ingkang kinersakaken inggih punika umat sageda tansah tumindak adil,  setya, andhap asor.
“He manungsa kowe wus kaparingan sumurup apa kang becik, lan apa kang dadi pepundhutane Pangeran Yehuwah marang kowe; kajaba mung tumindak adil, lan tresna marang laku setya, apa maneh andhap-asor ana ing ngarsane Allah”
(Mikha 6:8)
Sami kadosdene Gusti Allah sampun tumindak adil dhateng bangsa Israel, kita ugi mitados Gusti Allah taksih nandukaken kaadilan kangge umatipun kalebet kita ingkang gesang ing jaman samangke. Gusti Allah badhe mbelani kita ingkang prihatin, kaluwen, lembah manah, resik manah, ambek welasan, remen damel tentrem lan tiyang ingkang kaaniaya ugi prelu mbelani ingkang dipun cap bodho lan ringkih dening jagad. Amargi Gusti Allah mbelani kita mila kita badhe tetep saged ngraosaken rahayu/bingah ing sadhengah kawontenan. Bingah dalah sisah Gusti Allah tansah nunggil kita. Nanging temtunipun kita boten namung cekap ngraosaken bingah kangge dhiri kita piyambak. Kita ugi kedah saged damel tiyang sanes bingah minangka wujud pangucap sokur, awit saking kaadilan saking Gusti ingkang sampun Gusti Allah tandukaken kangge kita. Caranipun:
•    Boten pareng ngremehaken tiyang sanes langkung-langkung tiyang ingkang martosaken Kristus. Kadospundi kemawon tiyang ingkang martosaken Kristus kedah kita aosi amargi tiyang-tiyang punika badhe dipun belani dening Gusti Allah.
•    Kedah setya martosaken Sang Kristus sinaosa jagad ngremehaken kita, pramila prelu ngicali raos mindher kanthi cara kita kedah yakin bilih kita kautus dening Allah lan Gusti badhe belani kita saking tiyang ingkang ngremehaken kita nanging ugi boten pareng gumungung.
Cekakipun sageda kita gesang kanthi kebak tumindak adil, setya, andhap asor. Tigang sikep punika wujud kita ngucap sokur awit kaadilanipun Gusti kangge kita lan ugi ngetingalaken bilih kita gesang wonten ing kawicaksananipun Gusti Allah lan boten kawicaksananipun manungsa. Menawi kita gesang ing salebeting kawicaksananipun Gusti inggih punika gesang adil, setya, andhap asor kita badhe dipun parengaken Gusti ngraosaken kabingahan ingkang tansah kepengin kita raosken. Sugeng ngraosaken gesang ingkang kebak karahayon saking Gusti ing salebeting gesang wonten ing kawicaksananipun Gusti Allah. Amin.

Kategori:Renungan Harian
  1. Belum ada komentar.
  1. No trackbacks yet.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: